Ukara Tanggap lan Ukara Tanduk

Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (Subyek) nglakoake pakaryan.
Tuladha :
-    Ibu tindak dhateng Banyumas
-     Bapak maos koran
-     Eyang nembe siram
-     Adhik mangan anggur

Ing ukara tanduk, biasane wasesane nganggo ater-ater hanuswara. Kang kalebu ater-ater hanuswara kui -an, am, any, lan ang . Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater hanuswara uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktif).
Tuladha :
am + pacul ----> macul, (p luluh), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake pacul
an + tulis  ----> nulis ( t luluh ) , tegese nindakake pegaweyan kang ngasilake tulisan
any + sapu ----> nyapu ( s luluh ), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake sapu
ang + arit ----> ngarit , tegese nindakake pegaweyan kang migunaake arit


2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere(subyek) dikenani pakaryan
Tuladha :         
–    Kembange dipethik simbah
-     Jeruke dipangan adik
-     Pelem dijupuk Shasa
-     Teh diunjuk Pakdhe

Yen ing ukara tanduk wasesane nganggo ater-ater hanuswara, ing ukara tanggap ater-ater kang digunakake ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa kuwi ana 3, yaiku tak, ko, lan di. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, ater-ater tripurusa mratelake tembung “tanggap” (pasif).

Tegese tembung:
Jejer yaiku: samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa carita. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:
    Apa sing ...?
    Sapa sing...?

Wasésa yaiku: samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalané. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:
    kepriyé...?
    ngapa...?

Lésan yaiku: samubarang kang dadi watesaning wasesa, utawa kang nerangake wasesa. Lesan, kapilah dadi papat, yaiku:
    lesan panindak
    lesan panandang
    lesan panyabab
    lesan panampa

Katrangan yaiku: yaiku kang dadi andharaning wasesa.

6 komentar