Tembang Dolanan

Tembang Dolanan

Miturut situs http://jv.wikipedia.org/ kang kaaranan tembang dolanan yaiku jinising tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran kayata guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Tembang dolanan, biasa ditembangaké déning bocah cilik, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané utamané ing padésan. Tembang dolanan uga bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab lingkungan alam, tetanduran, sato kéwan, sato iwèn, thethukulan,  bebrayan,  lan sapanunggalané.
Tuladha tembang dolanan lan yaiku:

1. Padhang Bulan

Surasane tembang Padhang Bulan yaiku kaya katulis ing ngisor iki:

Padhang Bulan
   Yo pra kanca dolanan neng njaba
   Padhang bulan, padhange kaya rina
   Rembulane-ne sing ngawe-awe
   Ngelingake aja padha turu sore

2.Tembang Gundhul-gundhul Pacul
Tembang iki nyritaake bocah gundul kang rodo kemaki, kang gek nyunggi wakulisi sego karo gembelengan, bajur segone wutah ing latar.


Gundul-gundul Pacul

Gundul-gundul pacul cul gembelengan
nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
wakul ngglimpang segane dadi sak latar
wakul ngglimpang segane dadi sak latar

3. Jamuran




Jamuran
Jamuran ya gegethok
Jamur apa ya gegethok
Jamur gajih brejijih saara-ara
Sira mbadhe jamur apa?
lan sakpiturute...


4. Pitik Walik Jambul



Surasa tuladha tembang dolanan kang luweh pepak iso diprisani ana ing kene :


Referensi :
http://ki-demang.com/lelagon/
http://rudy-cheyonkz.blogspot.com/2011/05/lirik-tembang-tembang-dolanan.html
http://jv.wikipedia.org/

0 komentar