Tembang Macapat

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.

Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
  • Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  • Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
  • Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
  • Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:

Tuladha:


Sinom
  • Pangéran kang sipat murah (8/a)
  • Njurungi kajating dasih (8/i)
  • Ingkang temen tinemenan (8/a)
  • Pan iku ujaring dalil (8/i)
  • Nyatané ana ugi (7/i)
  • Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
  • Wiwitané nenedha (7/a)
  • Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
  • Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)

Dhandhanggula
  • Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
  • Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
  • Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
  • Cinecep nulya wangsul (7/u)
  • Mring asalé sangkané nguni (9/i)
  • Begja kang wus pana (7/a)
  • Sangkan paranipun (6/u)
  • Dedalan kang dèn ambah (8/a)
  • Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
  • Sejatining kasidan (7/a)

Kinanthi
  • Padha gulangen ing kalbu (8/u)
  • Ing sasmita amrih lantip (8/i)
  • Aja pijer mangan néndra (8/a)
  • Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
  • Pesunen sariranira (8/a)
  • Sudanen dhahar lan guling (8/i)

Asmarandana
  • Anjasmara ari mami (8/a)
  • Masmirah kulaka warta (8/a)
  • Anèng kuta Prabalingga (8/o)
  • Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
  • Kariya slamet wong ayu (8/u)
  • Pun kakang pamit palastra (8/a)

Megatruh
  • Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul(12/u)
  • Kawan dasa kang njagèni (8/i)
  • Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
  • Sinangga ing kanan kèring (8/i)
  • Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)

Wirangrong
  • Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
  • Mulané lamun miraos (8/o)
  • Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
  • Yèn uwis kawijil (6/i)
  • Tan kena tinututan (7/a)
  • Mulané dipun prayitna (8/a)

Dikutip dengan pengubahan dari http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat

0 komentar