Soal Latihan Basa Jawa

A. Wenehana tandha ping (x) ana ing wangsulan kang bener!

1.       Anggone tindak mirsani bal-balan Bapak ... karo Mas Rudi.
a.      Didherekake
b.      Diterake
c.       Ditutake
d.      digandheng
2.      Gladhen karate ana ing paguyuban Lemkari. Tembung paguyuban padha tegese karo ….
a.      Sanggar
b.      Pakumpulan
c.       Sesrawungan
d.      Papan latihan
3.      Aku duwe kesenengan olah raga renang. Ukara iki yen diowahi dadi basa krama benere….
a.      Kula kagungan karemenan olahraga renang.
b.      Kula gadhah karemenan olahraga renang.
c.       Kula nggadhahi hobi olahraga renang.
d.      Kula gadhah kasenengan  olahraga renang.

4.      Filatelis iku wong kang nduweni kesenengan utawa hobi ngumpulake ….
a.      Amplop
b.      Perangko
c.       Kartu pos
d.      Surat
5.      Saiki wis wancine udhan, mula diarani mangsa ….
a.      Ketiga
b.      Rendheng
c.       Mareng
d.      Labuh
6.      kiki lagi tuku buku ana pasar.
Ukara iku dikramakake dadi ….
a.      Kiki nembe tumbas buku wonten peken
b.      Kiki nembe mundhut buku wonten pasar
c.       Kiki nembe tumbas buku ana pasar.
d.      Kiki lagi mundhut buku wonten peken
7.      Bapak olehe… ora banter, dadi aku ora krungu.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara iku ….
a.      Matur
b.      Sanjang
c.       Ngendika
d.      kandha
8.     dhek wingi sore ibu … Bapak mundhut jamu kunir asem.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur  yaiku ….
a.      Dhawuh
b.      Utusan
c.       Kengken
d.      Kongkon
9.      Yesi … simbah, amarga dhek dina Setu ora sida mara.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara iku ….
a.      Ditakoni
b.      Ditakeni
c.       Didangu
d.      Disuwuni pirsa
10.  Mangsa labuh iku uga diarani mangsa ….
a.      Rendheng
b.      Ketiga
c.       semi
d.      gugur
11.   Para nom-noman padha nganakake reboisasi. Reboisasi iku tegese nandhur wit-witan ana ing ….
a.      Tegalan
b.      Pot
c.       Omah
d.      Pinggir dalan
12.  Banjir iku bisa gawe kapitunan manungsa. Tembung kapitunan padha tegese karo ….
a.      Welas
b.      Rekasa
c.       Sengsara
d.      Rugi
13.  Pranata mangsa
Ukara pitakon kang trep kanggo mangsuli jawaban ing ndhuwur yaiku ….
a.      Apa tegese pranata mangsa?
b.      Petungane wektu sing dihubungake mangsa iku diarani apa?
c.       Kepriye petungane wektu mangsa iku?
d.      Ana pira cacahe pranata mangsa iku?
14.  Kepala Sekolah ngendika menawa sesuk bocah-bocah padha imunisasi. Ukara langsung kang trep yaiku ….
a.      Kepala sekolah ngendika, “Sesuk bocah-bocah padha imunisasi.
b.      Kepala sekolah ngendika marang bocah-bocah, “Sesuk padha imunisasi”
c.       Kepala sekolah ngendika: “Sesuk imunisasi”
d.      Kepala sekolah ngendika : “Menawa sesuk padha imunisasi”
15.   Pandhawa sing kembar iku asmane ….
a.      Citraksa lan Citraksi
b.      Nakula lan Citraksi
c.       Sadewa lan Citraksa
d.      Nakula lan Sadewa

B.  Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi tembung kang bener!
1.       Bapak (mundhut) buku adhik wonten Gramedia.
2.      Bocah telu padha guyup anghone padha sesrawungan. Tembung guyup tegese ….
3.      Simbah mundhut jarik wonten peken. Tembung jarik kramane ….
4.      Sawengi nutug bapak ora sare amarga mirsani …. Dhalange Ki Manteb ana TV Indosiar.
5.      Alas sing paha ditegori sembarangan bisa njalari ….
6.      Bapak nyumpena menawi wonten bena. Tembung nyumpena tegese padha karo ….
7.      Anggone padha mbuwang larahan aja sakpenake dhewe, apike dibuwang ana ing ….
8.     Lestari dhawuh pak guru tuku obat ana warung.
Tembung dhawuh benere ….
9.      Marang kanca aja sawiyah-wiyah, Tembung sawiyang-wiyah tegese ….
10.  Aja gawe wiring marang liyan, Tembung liyan kosokbalene yaiku ….

0 komentar