Yen dijupuk arti wantah, sinom maknane godhong asem sing isih enom. Ing Macapat, sinom nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.


Metrum

Saben pada, tembang iki ana sanga gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu:
  • 8 - a
  • 8 - i
  • 8 - a
  • 8 - i
  • 7 - i
  • 8 - u
  • 7 - a
  • 8 - i
  • 12 - a

[sunting]


Tuladha

  • Tuladha 1
  1. Ing pojok wetan sang surya
  2. Nyungging sinom dadi peni
  3. Kagubet embun rumeksa
  4. Dening Hyang Murbeng Dumadi
  5. Raga jiniret ati
  6. Seka perbawaning esuk
  7. Manuksma suluk angga
  8. Kang wang-sinawang mranani
  9. Tibane prana sarwa sulih prasaja
  • Tuladha 2
  1. Amenangi jaman édan
  2. Éwuh aya ing pambudi
  3. Milu édan nora tahan
  4. Yèn tan milu anglakoni
  5. Boya kaduman melik
  6. Kaliren wekasanipun
  7. Ndilalah karsa Allah
  8. Begja-begjané kang lali
  9. Luwih begja kang éling lawan waspada
Saka Serat Kalatidha anggitan Ki Ranggawarsita.

[sunting]Notasi

  1. 2^-2^-2^-2^-1^-1^-6_5-5_6_1
  2. 1^-1^-1^-6_1^-5-5-5_6-5_6_5_3
  3. 1^-1^-1^-1^-6-6_5-1^-6_5
  4. 5-5-5-3-2-3-1-6_5
  5. 6-6-6-6-1^-1^-1^
  6. 6-5-5-5-5-5-3-2_1
  7. 5-5-5-5-5-5-5
  8. 5-5-5-3-2-3-1-6_5
  9. 2-3-3-3-2-3-5-2-2-3-2_3-2_1

Thuladha carane nembang tembang sinom:

sinom02


Teks dikutip dengan pengubahan dari http://wikipedia.org
Gambar dan video dari http://ki-demang.com

0 komentar