Latihan UKK Bahasa Jawa Kelas V SD

Pedhagang Kaki Lima

            Saben dina ing ngarep sekolahanku akeh wong dodolan, ana bakul es, bakul bakso, bakul roti lan panganan liyane. Anggone dodolan iku ana sing migunakake grobag surung, di gendhong la nana uga sing dipikul. Para tukang es, tukang roti iku lumprahe manggon ana ing pinggir dalan, emperan took, utawa trotoar. Bakul sing mangkene iku banjur sinebut “Pedhagang Kaki Lima”. Dadi pedhagang kaki lima yaiku pedhagang sing dodolan ana ing pinggir dalan, kang mangrok apa  dene ideran sarana digendhong, dipikul, utawa migunakaken grobag surung.
            Ing kutha-kutha gedhe apa dene kutha cilik wektu iki katon ngrembaka kanthi cepet anane pedhagang kaki lima. Maneka warna wektu dhasare. Ana sing esuk, umpamane bubur, jenang sumsum. Sing awan umpamane es campur, lotis, rujak. Dene sing dhasar sore umpamane bakso, mie ayam, bakmi, roti bakar lan liya-liyane.
            Amarga seko akehe pedhagang pedhagang kaki lima, saiki malah oleh kawigatenan pemerintah, yaiku kaparingan papan kang gumathok, supaya ora gawe alane sesawangan. Kabeh mau pratandane menawa pemerintah nggatekake marang kawula cilik.
            Nyatane wis ana tuladha, salah sawijine pedhagang kaki lima ngundhuh wohing lara lapa, dhewekw asmane Pak Dharma. Nanging luwih kondhang kanthi sebutan Pak Propesor, sebab priyayine rodo buthak, mulane diparapi mangkono.
            Pak Dharma kang kagolong kawula cilik kang panguripane kepenak saka anggone dodolan bisa nyukupi kabutuhane kaluarga. Omahe sanajan cilik naming resik lan tumata, cukup kanggo catur warga, yaiku Pak Dharma sekalian lan putrane loro. Anake sing pembarep malah wis nyambut gawe, dene sing wuragil isih kuliah. Sanajan wis kuliah dheweke tetep ora isin mbiyantu bapak lan ibune dodolan, amarga tansah kelingan Manawa bayaran kuliyahe iku saka anggone dodolan.

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c utawa d ing sangarepe wangsulan sing bener!

  1. Pedhagang kaki lima ateges pedhagang sing dodolan ana ing ….
a.      Toko
b.      Kios
c.       Pinggir dalan
d.      Supermarket

  1. Ing kutha-kutha gedhe apa dene kutha cilik wektu iki katon ngrembaka kanthi cepet anane pedhagang kaki lima.
         Tembung ngrembaka tegese ….
a.      Mekar
b.      Mundhak akeh
c.       Surut
d.      Seret

  1. Omahe sanajan cilik naming resik lan tumata, cukup kanggo catur warga.
         Tegese tembung catur warga yoiku ….
a.      Brayat sing wargane bapak, ibu, lan anak loro
b.      Brayat sing wargane bapak, ibu, lan anak telu
c.       Brayat sing wargane bapak, ibu, anak, lan simbah
d.      Brayat sing wargane bapak, ibu, anak, bibi, lan paman

  1. Ibu muwun rikala mas Wijanarka budhal menyang Malaysia.
         Tembung muwun iku tegese padha karo ….
a.      Nangis
b.      Bungah
c.       Seneng
d.      Ndonga

  1. Wong urip kudu bisa nggolek “sandhang pangan”.
        Tembung “sandhang pangan kalebu tembung ….
a.      Dwi lingga salin swara
b.      Camboran
c.       Entar
d.      Saroja


  1. Sapa sing sregep sinau bakal bisa pinter.
          Tembung bakal tegese ….
a.      Arep
b.      Mori
c.       Kain
d.      Tekstil

  1. Barang-barang sing klebu kerajinan saka pring yaiku ….
a.      Teko, cangkir
b.      Parut, enthong
c.       Kukusan, tampir
d.      Kuali, kendhil

  1. Tembung pasar I g ukara ing ngisor iki sing nuduhake papan umum yaiku ….
a.      Siska dolanan pasaran
b.      Adhiku umur sepasar
c.       Bu amat dodolan ing pasar
d.      Neng bancakan mau bengi ora ana jajan pasar

  1. Tembung lapangan kerja tegese ….
a.      Pabrik
b.      Pegawean
c.       Pasar
d.      Papan nyambut gawe

  1. Gambar tatahan ing watu, kayu, utawa guwo diarani ….
a.      Stupa
b.      Relief
c.       Candhi
d.      Museum

  1. Tawon madu ngasep sekar, golek ngelmu kudu ….
          Tembung kang cocok ing parikan iki yoiku ….
a.      Pinter
b.      Sabar
c.       Sinau
d.      Sregep

  1. Sinom, gambuh, pangkur, kalebu tembang …
a.      Gadhe
b.      Nasional/wajib
c.       Dolanan
d.      Macapat

  1. Bisa ngluhurake asmane wong tuwa diparibasakake ….
a.      Mbopong dhuwur mendhem jero
b.      Mikul mboten mendhem jero
c.       Kadang konang
d.      Mikul dhuwur mendhem jero

  1. Candi prambanan meniko (dunung) ing kabupaten Sleman.
          Tembung ing jeron kurung benere ….
a.      Dedunung
b.      Dumuung
c.       Dunungan
d.      pandunungan

  1. selapan dina padha karo ….
a.      Limang dina
b.      Pitung dina
c.       Sepuluh dina
d.      Telung puluh lima dina

  1. Surana lagi wudunen, mula anggone mlaku edang-edong. Edang-edong kelebu tembung ….
a.      Dwi lingga
b.      Dwi lingga salin swara
c.       Dwi sasana
d.      Dwi purwa

  1. Anggone mangsuli padha pating …
a.      Besasik
b.      Clemong
c.       Brenjal
d.      Krosok

  1. Bocah kelas V arep dharma wisata menyang guwo ….
a.      Borobudur
b.      Parangtritis
c.       Jati jajar
d.      Kaliurang

  1. Raden Janaka satriya ing ….
a.      Madukara
b.      Jodhipati
c.       Pringgondani
d.      Lesanpura
  1. Aku arep mangkat menyang Jakarta.Tembung mangkat dasanamanipun …
a.      bhudal                      
b.      tindak                      
c.       mulih            
d.      lunga

  1. Adiku (tuku) klambi Bapak.Tembung tuku seng bener ….
a.      tukokake                  
b.      ditukokake              
c.       dituku                      
d.      tuku

  1. Pak tani pacul ing pategalan. Tembung pacul seng bener….
a.      maculi                      
b.      maculake                 
c.       macul            
d.      paculan

  1. Pak dhe Kamin……pules sanget. Ukara supaya bener dijangkepi Tembung….
a.      dhahar                      
b.      nithi                         
c.       c.sare                          
d.      tindak

  1. Bapak Manto maos Koran,yen adikku lagi……….buku
a.      maca                       
b.      maos                        
c.   nyimak                      
    d .       sinau

    1. Sampeyan arep turu durung , mas? Tembung turu karma aluse….
    a.      tilem                        
    b.      sare                         
    c.       turu                          
    d.      bobok

    1. Aku durung  bias garap soal iki, amarga pak…durung nerangake.tembung kang matuk kanggo njangkepi yaiku..
    a.      dokter                     
    b.      tani                          
    c.       guru             
    d.      d.kusir

    1. Layang kang digunakake wong kang nduwe gawe kalebu laying…
    a.      kitir        
    b.      iberan                      
    c.       kaleng       
    d.      ulem

    1. Kanti bombonging manah, kula mawantu-wantu rawuhipun panjenengan bapak Martadisana wonten griya kulo mbenjang :
    Dinten              : sabtu
    Surya kaping    : 20 Januari 2010
    Wanci jam        : 13.00 

    Sakperlu perang nedi pangestu .kula bade ngentas ake anak  kulo.
    Layang ing nduwur kalebu ………
    a.      laying wasiat
    b.      laying ulem-ulem      
    c.       laying kitir                
    d.      laying kaleng

    1. Titi mangsa sing bener yaiku…………
    a.      palang, 16 juni 2010
    b.      Palang, 16 Juni 2010
    c.       Palang. 16 juni 2010 
    d.      Palang 16 juni 2010
    1. Gatutkoco anduweni watak……
    a.      angkuh   
    b.      sengit 
    c.       bekti karo wong tuwo 
    d.      galak           

    1. bapake Pandhawa nduwe garwa lara yaiku………
    a.      sinta lan madrim
    b.      arimbi lan madrim                 
    c.       suryani lan arimbi    
    d.      rani lan sinta
    1. Ukara tanduk ing ngiso iki seng bener yaiku…………
    a.      Marni mangan roti
    b.      Budi digepuk Malik
    c.       Marti kok gepuk  
    d.      mangano!
    1. Mas Wawan di cokot kuceng. Kalebu ukara…
    a.      tanduk 
    b.      tanggap 
    c.       lingga     
    d.       entar
    1. Tembung dwi lingga salin swara sing bener yaiku….
    a.      mbolak-mbalik 
    b.      anak-anak  
    c.       nguyu-nguyu
    d.      panganan 

    1. Aku arep mangkat menyang Jakarta.Tembung mangkat dasanamanipun …
    a.      Bhudal
    b.      tindak    
    c.       mulih
    d.      lunga
    1. Adiku (tuku) klambi Bapak.Tembung tuku seng bener ….
    a.      tukokake
    b.      ditukokake  
    c.       dituku                      
    d.      tuku
     
    1. Pak tani pacul ing pategalan. Tembung pacul seng bener….
    a.      maculi 
    b.      maculake    
    c.       macul    
    d.      paculan

    1. Pak dhe Kamin……pules sanget. Ukara supaya bener dijangkepi Tembung….
    a.      dhahar
    b.      nithi
    c.       sare 
    d.      tindak

    1. Bapak Manto maos Koran,yen adikku lagi……….buku
    a.      maca                       
    b.      maos                      
    c.       nyimak 
    d.      sinau

    1. Sampeyan arep turu durung , mas? Tembung turu karma aluse….
    a.      tilem                       
    b.      sare                          
    c.       turu                    
    d.      bobok 

    1. Aku durung  bias garap soal iki, amarga pak…durung nerangake.tembung kang matuk kanga njangkepi yaiku….
    a.      dokter      
    b.      tani    
    c.       guru  
    d.      kusir

    1. Layang kang digunakake wong kang nduwe gawe kalebu layang ….
    a.      kitir          
    b.      iberan       
    c.        kaleng        
    d.      ulem

    9 komentar